Lomba Sesorah HUT PGRI Kota Yogyakarta KE 75 Tahun 2020

PRANATA SAYEMBARA SESORAH
HUT PGRI KE 75 KOTA YOGYAKARTA TH 2020
- Pamupu sayembara para dwija ( guru ) TK,SD,SMP,SMA, SMK sederajad ing tlatah kota Yogyakarta, ingkang ndaftaraken dateng panitia sinartan serat katrangan saking kepala sekolah.
- Dhumateng juwara I sesorah PGRI 2019,mboten kepareng nderek mupu sayembara.
- Saben Cabang PGRI wajib ngentunaken minimal kalih pasarta, saget kakung menapa dene putri. Saget langkung saking kalih panyarta.
- Pamupu sayembara damel teks sesorah piyambak lajeng pun kintun dateng panitia
- Cengkorongan sesorah ngemot ;
- ( Pambuka, Guru ing mangsa Corona, PGRI, Penutup )
- Wekdal sesorah winates 5 ngantos 8 menit
- Busana ngagem kejawen gagarag ngayogyakarta.
- Sesorah katindakaken kanthi VIRTUAL kanthi damel video piyambak. Videonipun mboten angsal dipun edit.
- Panyarta ngintunaken video sesorah katutup tanggal 12 November 2020
- Sesorah badhe kabiji dewan juri , 17 November 2020 wonten ing Kompleks Muhammadiyah Purwodiningratan
- Ingkang dipun biji ( Patrap, Isi, Intonasi,Artikulasi )
- Keputusan Yuri mutlak mboten saget kaonggreh-onggreh.
- Kapendhet juwara I,II,III, harapan I lan II ( kajuwaran kakung putri dados setunggal)
- Pendaftaran dipun tengga ngantos tanggal 5 November 2020 lumantar PGRI Cabang utawi dhumateng Panitia Ki Saridal ( 081390240812 )
- Pengumuman kajuwaran sesarengan upacara HUT PGRI Kota Yogyakarta
Pranatan Pandamelipun video
- Video kadamel kanthi format MP4 utawi AVI
- Vidio kadamel horizontal ( landscape )
- Video saget nedahaken anggenipun angadi busana)